Connect with us

Majelis Taqorrub

Pemimpin Ingkang Adil Lan Amanah

Khutbah Jum’at

Gmbar: Gontornews

KHUTBAH I

 

الْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ فِي كُلِّ زَمَانٍ فَتْرَةً مِنَ الرُّسُلِ بَقَايَا مِنْ أَهْلِ الْعِلْمِ يَدْعُونَ مَنْ ضَلَّ إِلَى الْهُدَى وَيَصْبِرُونَ مِنْهُمْ عَلَى الْأَذَى، يُـحْيَونَ بِكِتَابِ اللهِ الـمَوْتَى وَيُبَصِّرُونَ بِنُورِ اللهِ أَهْلَ الْعَمَى، فَكَمْ مِنْ قَتِيْلٍ لِإِبْلِيْسَ قَدْ أَحْيَوْهُ وَكَمْ مِنْ ضَالٍّ تَائِهٍ قَدْ هَدَوْهُ فَمَا أَحْسَنَ أَثَرِهُم عَلَى النَّاسِ وَأَقْبَحَ أَثَرِ النَّاسِ عَلَيْهِمْ. يُنْفَوْنَ عَنْ كِتَابِ اللهِ تَـحْرِيفَ الغَالِّينَ وَانْتِحَالَ الـمُبْطِلِينَ وَتَأْوِيْلَ الجَاهِلِينَ الَّذِيْنَ عَقَدُوا أُلُوِيَّةَ البِدْعَةِ وَأَطْلَقُوا عِقَالَ الفِتْنَةِ فَهُمْ مَخْتَلِفُونَ فِي الكِتَابِ مُخَالِفُونَ لِلْكِتَابِ مُجْمِعُونَ عَلَى مُفَارَقَةِ الكِتَابِ يَقُولُونَ عَلَى اللهِ وَفِي اللهِ وَفِي كِتَابِ اللهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ يَتَكَلَّمُونَ بِالـمُتَشَابِهِ مِنَ الكَلَامِ وَيُـخْدِعُونَ جُهَّالَ النَّاسِ بِمَا يُشْبِهُونَ عَلَيْهِمْ فَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ فِتَنِ الْمُضِلِّينَ،

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا.

وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.

اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ،

اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

أَمَّا بَعْدُ؛, قَالَ اللهُ تَعَالَى : اعوذبالله من الشيطان الرجيم

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ

(TQS al-Anfal [8]: 27).

 

Para sedhèrèk muslimin, Jamaah  Jum’at  ingkang pinaringan rohmating Gusti Allah SWT.

 

Minangka pambukaning atur, mangga kita sami  tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan  panjenengan sedaya. Maliginipun nikmat hidayah Islam, séhat menapa déné kesempatan. Sahingga wonten ing wekdal lan ing panggénan mriki kita taksih  saged nindakaken sapérangan dhawuhipun Allah SWT., inggih menika nindakaken ibadah   Jum’at  kanthi sesarengan (jamaah). Kanthi raos syukur  ingkang makaten menika mugi Allah SWT., tansah hanambahi nikmat karunianipun dhumateng kita sedaya. Aamiin yaa rabbal’alamiin.

Sak lajengipun, minangka pendèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,  mangga sareng-sareng atur shalawat dalasan salam  kunjuk dhumateng baginda Rasulullah Muhammad SAW, sumarambah dhumateng para keluwarga ahlul baitipun, para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in ngantos dumugi akhir zaman samangké. Lantaran makaten mugi kita sadaya badhé saged pikantuk safa’atipun kanjeng Nabi mbénjang wonten ing yaumul maksar. Aamiin yaa rabbal’alamiin.

Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen  tansah atur pepémut dhumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah dhumateng para jamaah jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman, ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT., supados iman taqwa kita saged mentes lan leres, amrih sami sembada anggènipun nindakaken paugeran gesang miturut satataning agami Islam. Agami ingkang dipun ridhai Allah SWT. Kanthi makaten mugi kita sedaya badhé pikantuk kabegjan, kabagyan wiwit ing dunya mriki ngantos mbénjang ing akhérat.  Insya allah, aamiin yaa rabbal’alamiin.

Yektosipun namung kanthi taqwa ingkang saget hanjamin kita sedaya pikantuk  derajat, panggénan éngkang minulya, celak kaliyan Allah SWT. Taqwa menika ugi minangka panggayuhanipun para Muslim ingkang paling inggil. Awit, kamulyanipun manungsa menika sanés kabobot saking derajat, pangkat, kasugihan, lan pakurmatan, nanging katraju saking ketaqwaanipun.  Jumbuh kaliyan firmanipun Allah SWT:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ◌

Para manungsa kabèh, Ingsun wis gawé sira, wijiné saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadèkake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung (kenal) siji lan sijiné. Déné mungguhé Allah, sira kang aji dhéwé, yaiku endi kang banget bektiné (taqwa) ing Allah. Satemené Allah iku Nguningani samu barang tur Wicaksana. (QS. Al Hujurat [49] : 13)

 

Boten namung menika, salajengipun inggih kanthi taqwa ugi, Allah SWT badhé paring ridha dhumateng kita lan Allah badhé  hambuka kori keberkahanipun saking  langit lan bumi.

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ◌

“Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka langit lan saka bumi, nanging dhèwèké padha nggorohake awit saka iku Ingsun banjur nurunake siksa marga saka tumindake dhewe.” (QS Al A’raaf [7] : 96).

 

Wonten ing ayat menika, Allah SWT mungkasi firmanipun kanthi paring pamawas bilih kasangsaran, kacingkrangan, musibah, menapadéné karupekanipun manungsa awit panggorohipun manungsa ing babagan keimanan lan ketaqwaan dhumateng Allah SWT. Na’udubillahi min dalik.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

 

Allah SWT berfirman:

وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ سُلْطَانًا نَصِيرًا

Lan sira (muhammad) nyenyuwuna: “Dhuh Pangéran kawula, mugi-mugi Panjenengan anglebetaken kawula ing panggénan mlebet ingkang dipun ridhani, lan mugi-mugi ngedalaken kawula ing panggénan medal ingkang dipun ridhani, lan panjenengan  mugi paring dhumateng kawula keterangan saking ngarsa Panjenengan ingkang saged nulungi (ing nalika ngrungkebi tuwin angluhuraken agami Panjenengan).” (TQS al-Isra’ [17]: 80).

 

Ndèrèk pamanggihipun Imam Ibnu Katsir, bilih pedhotan tembung waj’alli min ladunka sulthân[an] nashîrâ”, kanthi ngutip pamanggihipun Qatadah, mratélaken makaten, “saka ayat iki cetha yèn Rasulullah SAW hanglenggana menawa tan ana kemampuan saka panjenengané kanggo hanjejegaké agama iki kajaba kanthi nganggo kekuasaan. Awit saka iku, panjenengané banjur nyuwun  kekuasaan marang Allah, kekuasaan kang anulungi, yaiku kanggo ngetrapaké isiné  Kitabullah, nindakaké hudûd Allah, nglaksanaake mawarna kewajiban saka Allah lan hanjejegaké agama Allah…” (Tafsîr Ibn Katsîr, 5/111).

 

Saking ayat menika ugi sampun negasakan pentingipun kekuasaan kanggé hanjejegaken Islam. Ing babagan menika, Imam al-Ghazali sampu paring katerangan makaten:

اَلدِّيْنُ وَ الْمُلْكُ تَوْأَمَانِ مِثْلُ أَخَوَيْنِ وَلَدَا مِنْ بَطْنٍ وَاحِدٍ

Agama lan panguwasa itu kadidéné sedulur kembar loro, kadidéné sedulur loro kang lair saka garba kang padha. (Al-Ghazali, At-Tibr al-Masbûk fî Nashîhah al-Mulk, 1/19).

 

Pitakénanipun, kekuasaan ingkang kados pundi ingkang dipun maksudaken niku?

 

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

 

Kekuasaan ingkang anulung inggih menika kekuasaan ingkang dipun embani déning pemimpin ingkang amanah. Pemimpin ingkang purun anglaksanakaken amanah Allah SWT, sanès sadermi amanah saking manungsa.

 

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ

Hé para wong mukmin kabèh, aja padha nyidrani Allah lan Rasulé, lan uga aja padha nyidrani barang titipan (amanah) kang ana tanganira, ing mangka sira kabèh wis padha ngerti.  (TQS al-Anfal [8]: 27).

 

Manut pamanggihipun Ibnu Abbas ra, ayat kasebat ngandung pangertosan, “ sira kabèh aja khianat (nyidrani) marang Allah kanthi ninggalaké kewajiban-kewajibané lan aja khianat marang Rasulullah kanthi ninggalaké sunnah-sunnah (ajaran lan tuntunan)né. (Al-Qinuji, Fath al-Bayan fî Maqâshid al-Qur’ân, 1/162).

Menggah ingkang dipun maksudaken amanah ing ayat —ingkang haram dikhianati—inggih menika, menapa kemawon ingkang sampun dipun amanahaken saking  Allah SWT. ingkang tumanduk dhumateng hamba-hambanipun (katingali: Ash-Shabuni, Shafwah at-Tafâsir, 1/367).

Tentu kémawon, kekuasan minangka bagian saking amanah, malahan salah satunggalipun amanah ingkang penting sanget, ingkang haram dipun khianati. Keharaman ngadani pengkhianatan dhumateng amanah, sasanèsipun kadhasaraken saking ayat ing nginggil, ugi dipun dhasaraken saking hadis penuturan Abu Hurairah ra., bilih baginda Rasulullah SAW naté paring sabda makaten:

 

ثَلاَثٌ مَنْ كُنَّ فِيْهِ فَهُوَ مُنَافِقٌ وَ إِنْ صَامَ وَ صَلَّى وَ زَعَمَ أَنَّهُ مُؤْمِنٌ: إِذَا حَدَثَ كَذَبَ، وَ إِذَا وَعَدَ أَخْلَفَ، وَ إِذَا اؤْتُمِنَ خَانَ.

Ana telung perkara, sing sapa waé nindakaké telung perkara iku, dhèwèké kagolong wong kang munafik, sanajan dhèwèké  mau nindakaké shaum, shalat lan nganggep pribadiné Muslim—yaiku: yèn ngomongan, garah; nalika janji, ngingkari; lan nalika dipasrahi amanah, khianat . (Ibn Bathah, Al-Ibânah al-Kubrâ, 2/697).

 

Awit saking menika, sinten kemawon ingkang dados pemimpin wajib amanah. Haram nindakaken pengkhianatan.  Menapa malih baginda Rasulullah SAW.  sampun paring sabda makaten:

 

مَا مِنْ عَبْدٍ اسْتَرْعَاهُ اللَّهُ رَعِيَّةً فَلَمْ يَحُطْهَا بِنَصِيحَةٍ إِلاَّ لَمْ يَجِدْ رَائِحَةَ الْجَنَّةِ

Tan ana sawenèhé kawula kang diamanahi déning Allah supaya ngurusi rakyat, banjur ora nindakaké urusané iku kanthi satuhu, yekti dhèwèké ora bakal bisa  ngganda ambuné suwarga. (HR al-Bukhari).

 

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

 

Sasanèsipun amanah, setunggalipun pemimpin ugi  wajib mimpin kanthi adil. Emanipun, sistem demokrasi sèkulèr ing wekdal samenika asring nglairaken pemimpin ingkang boten adil, alias fasik lan zalim.  Kénging menapa?  Awit sistem demokrasi sèkulèr yektosipun boten nedahaken syarat dhumateng pemimpin utawi penguasanipun supados amarintah lelandesan  hukum Allah SWT. Nalikanipun panguwaos boten nindakaken peprintahan utawi boten nindakaken paukuman kanthi dhasar  hukum Allah SWT., jelas piyambakaipun sampun tumindak zalim.

Allah SWT.  piyambak sampun negasaken makaten:

وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ….

….Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké déning Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha nganiaya. (TQS al-Maidah [5]: 45).

 

Awit saking menika, satunggaling pemimpin, nembé saged lan layak sinebat pemimpin ingkang adil inggih menika rikala piyambakipun nindakaken pamarintahanipun kanthi adhedhasar Alquran lan as-Sunnah, boten kanthi adhedhasar sanèsipun.  Makaten niku pemimpin saking pamawas agami Islam: pemimpin ingkang saged nglantaraken dhumateng kemaslahatan umat, boten namung wonten ing dunia ananging ngantos dumugi ing akhirat.

  

Para sedhèrèk muslimin, Jamaah  Jum’at  ingkang pinaringan rohmating Gusti Allah SWT.

 Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika. Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT. samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang lepat, awit  saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

Pepuntonipun atur, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng  patuladhanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos  puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah,  aamiin ya rabbal’alamiin.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِن الآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

 

 

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ المسبحة بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ ◌

اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Sumber : DMDI DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA https://seruanmasjid.com

==============================================================================

VERSI BAHASA BUGIS

PEMIMPIN ADELE’ ENRENGE AMANAH

 

 

KATOBBA MAMMULANGGE

 

الْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ فِي كُلِّ زَمَانٍ فَتْرَةً مِنَ الرُّسُلِ بَقَايَا مِنْ أَهْلِ الْعِلْمِ يَدْعُونَ مَنْ ضَلَّ إِلَى الْهُدَى وَيَصْبِرُونَ مِنْهُمْ عَلَى الْأَذَى، يُـحْيَونَ بِكِتَابِ اللهِ الـمَوْتَى وَيُبَصِّرُونَ بِنُورِ اللهِ أَهْلَ الْعَمَى، فَكَمْ مِنْ قَتِيْلٍ لِإِبْلِيْسَ قَدْ أَحْيَوْهُ وَكَمْ مِنْ ضَالٍّ تَائِهٍ قَدْ هَدَوْهُ فَمَا أَحْسَنَ أَثَرِهُم عَلَى النَّاسِ وَأَقْبَحَ أَثَرِ النَّاسِ عَلَيْهِمْ. يُنْفَوْنَ عَنْ كِتَابِ اللهِ تَـحْرِيفَ الغَالِّينَ وَانْتِحَالَ الـمُبْطِلِينَ وَتَأْوِيْلَ الجَاهِلِينَ الَّذِيْنَ عَقَدُوا أُلُوِيَّةَ البِدْعَةِ وَأَطْلَقُوا عِقَالَ الفِتْنَةِ فَهُمْ مَخْتَلِفُونَ فِي الكِتَابِ مُخَالِفُونَ لِلْكِتَابِ مُجْمِعُونَ عَلَى مُفَارَقَةِ الكِتَابِ يَقُولُونَ عَلَى اللهِ وَفِي اللهِ وَفِي كِتَابِ اللهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ يَتَكَلَّمُونَ بِالـمُتَشَابِهِ مِنَ الكَلَامِ وَيُـخْدِعُونَ جُهَّالَ النَّاسِ بِمَا يُشْبِهُونَ عَلَيْهِمْ فَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ فِتَنِ الْمُضِلِّينَ،

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا.

وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.

اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ،

اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

 

Ikhwani fiddin a’azzaniyallahu waiyyakum,

 

Etawukki ri Fuang Allahu SWT, Ingngerangngi makkedae, iyae lino onrong leppangmi, degaga sangadinna iyonroi makkamala madeceng. Sininna lanro kedo Ta ri lebo’na linoE mappattentu deceng akkatuwong akhera’Ta matti ri esso ri monri. Iyanaro nassabari ri wettu na timpakeng mofi laleng Fuang Allahu SWT, fasilennereng manengngi fassuroanna niniriwi fappesangkana. Nasaba teppe nasibawai etawu insyaAllah mancaji laleng asalamaketTa mangolo ri pengadilan masero adele’E Na matti ri akhera.

 

 

 

 

 

 

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

 

Makkedai Fuang Allahu SWT:

وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ سُلْطَانًا نَصِيرًا

“Fuadai Muhammad, Makkedae: E.. FuangKu… Futtama’ka nasaba deceng, nainappa Mu fessu’ ka nasibawai deceng. Fasilennerengngi ri seseku  fole ri sese alebbirem—Mu akoasangeng (apparentangeng) mattulungngE (mabbere asalamakeng)(TQS al-Isra’ [17]: 80).

 

 

Nafuadai fangulutta Imam Ibnu Katsir, ri fabbetuang ada “waj’alli min ladunka sulthân[an] nashîrâ” , turu’ fadatoha nafuadae fangulutta Qatadah, ri makkedana: “ri lalenna iyae ayat malebbiE manessai naferasai Nabitta SAW makkedai degaga gau fakkulleanna ri sesena patettongngi ri lempu’E ri tujunna agamaE sangadinna engkai nappunnangi akuasangeng. Saba’ nassabari narellauna Nabitta ri Fuang Allahu SWT, akoasangeng mattulungngE, iyanaritu laleng nassabarie na ifajokka madecengngi Akorang malebbi’E, ifatettongngi hudûd fole ri FuangngE, ifasilennereng manengngi sininna fassuroangngE na ifajokka nasibawai lempu’ agamaNa Fuang Allahu Ta’ala…” (Tafsîr Ibn Katsîr, 5/111).

 

Iyatona mancaji fappannessa, apparelluang ri sesena akoasangeng/apparentang ri tujunna afajokkangenna agama sellengnge. Nafuadai fangulutta Imam al Ghazali:

اَلدِّيْنُ وَ الْمُلْكُ تَوْأَمَانِ مِثْلُ أَخَوَيْنِ وَلَدَا مِنْ بَطْنٍ وَاحِدٍ

“Ri sesena agamaE enrengngE apparentangengngE (akoasangeng) iyebarai dua silessureng winru’/kaba (kembar) ijajiangnge fole ri seddie indo” (Al-Ghazali, At-Tibr al-Masbûk fî Nashîhah al-Mulk, 1/19).

 

Fakkutana maloppona, akoasangeng aganaro nafuelori?

 

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

 

Naiya akoasangeng, iyarega apparentangeng mattulungngE, iyanaro akoasangeng nafajokkae tau mapparenta (pemimpin) makkatenning masse’ ri lempu’E (amanah). MaseroE ri Fuang Allahu SWT, tanniya ri fadanna rufa tau bawang.

 

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ

“E, sininna tau mateppe’E, aja’ mu fada massakka’ ri fuang Allahu Ta’ala nennia Suro—Na, aja’ to mu mabboko fole ri jama-jamamu (amanah) na marisssengengngi masse’ ri sesemu” (TQS al-Anfal [8]: 27).

 

“Makkedai fanguluttu Ibnu Abbas RA, iyanae ayat mabbere faddissengeng makkedae: “Ajalalo naengka ri sesena rufa taue massakka ri fuang Allahu Ta’ala nainappani nabbokoriwi fassurowannn—Na. Aja’lalo naengka masakka’ ri Nabitta SAW enrengnge nabbokoriwi sunnah-sunnah fura nappagguruangngE ri sesena rufa taue…” (Al-Qinuji, Fath al-Bayan fî Maqâshid al-Qur’ân, 1/162).

 

Naiyamoa ri asengngE ‘amanah’ ri lalenna ayat malebbina Fuang Allau Ta’ala ri ase’—mannesaE aharangenna iyabbokori—iyanaritu sininna fassuroanna fuang Allahu SWT ri sininna atan—Na (hamba) (Lihat: Ash-Shabuni, Shafwah at-Tafâsir, 1/367).

 

Mannessani makkedae, akoasangeng temmassarangngi lempu’E (amanah), iyakkeppa amanah kaminang masero farellu angengkangenna, harangngi iyassakareng. Aharangenna masse’ nasaba manessai fabbettuangenna ri ayat malebbina Fuang Allahu Ta’ala, nennia ri Haddese na falettu’E fangulutta Abu Hurairah RA, ri makkedana Nabitta SAW:

ثَلاَثٌ مَنْ كُنَّ فِيْهِ فَهُوَ مُنَافِقٌ وَ إِنْ صَامَ وَ صَلَّى وَ زَعَمَ أَنَّهُ مُؤْمِنٌ: إِذَا حَدَثَ كَذَبَ، وَ إِذَا وَعَدَ أَخْلَفَ، وَ إِذَا اؤْتُمِنَ خَانَ.

“Tellu sewwa-sewwa, nigi-nigi fasilennerengngi majeppu engkai ritu ri golonganna tau munafe’E—namoni engkai fasilennerengngi FuasaE, sempajang lima wettuE, nafallebangngi asellengengena—iyanaritu: belle ri abberekkadanna, lesse’ ri jancinna, narekko ifarennuangngi macekoi” (Ibn Bathah, Al-Ibânah al-Kubrâ, 2/697).

 

Iyana nassabari, nigi-nigi mancaji pemimpin, farellui (wajib) risesena pajokka lempu’ (amanah). Narekkko ifarennuangngi sewwa-sewwa, harangngi nassakkareng. Iyakkepa Nabitta SAW fura nafuadai makkeda:

مَا مِنْ عَبْدٍ اسْتَرْعَاهُ اللَّهُ رَعِيَّةً فَلَمْ يَحُطْهَا بِنَصِيحَةٍ إِلاَّ لَمْ يَجِدْ رَائِحَةَ الْجَنَّةِ

“Fura tenna lolongengngi baunna suruga fammasena Fuang Allahu SWT, ri sesena tau ifarennuangi seddi amanah, jampangiwi apparelluanna fabbanuaE, temmattongeng-tongengngi fasilennerengngi (pajokkai) nainappani nabbokoriwi jama-jamanna” (HR al-Bukhari).

 

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

 

Risaliwenna lempu’E (amanah), naiya tau mapparentae farellu ri sesena adele’ (adil). Neekiya system domokrasi secular iyae essoE, mabiasai nafatarompo tau mapparenta mabelae fole ri asengnge adele’. Iyakkepaha mabiasa ilolongeng tau mapparentae fasik enrengnge zalim. Agana fassabarenna?

Nasaba system demokrasi, de’ na furennuangngi tau mapparentaE iyarega pemimpingngE, mapparenta ri laleng na furioE Fuang Allahu SWT. Masero nessana, narekko laleng tenna furio FuangngE naola tau mapparentaE, manessani akkasolangengmi nalolongeng enrengngE na fukangka? Fuang Allahu SWT motoppuadai makkedaE:

 

وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ

“Nigi-nigi temmakkatenning ri anu furaE ufaturungengngi ri apparentangenna majeppu akkasolangengmi tu ri sesena nennia engkai ri lalenna atassia-siangengngE” (TQS al-Maidah [5]: 5).

 

Saba’ nassabari, iyafa nawedding itella pemimpin adele’ narekko apparentangenna nafalenne’i ri lebbo’na Akorang malebbi’E enrenggE Sunnah-sunnah malebbi’na Nabitta SAW. Tania laiengngE,

IyanE pemimpin/apparentangeng ri tujunna agama sellengngE: apparentangeng minringngi matti ri decenna rufa taue, ri lino enrengnge ri akhera.

[]

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِن الآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

 

Kabtobba MakaduE

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

 

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ المسبحة بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Continue Reading
Click to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

17 − 14 =